Tuesday, February 7, 2012

Pokoke kudu nabung


Wis tau utang durung koe? Mesti wis tau yo, utang kui werno-werno maceme, ono utang duit, utang budi, utang nraktir, utang totoan (loh), utang janji, lan sak laine. Nak cah kuliah utang karo laine kui wajar, soyo meneh sing kos, tak maklumi wong aku sing ra kos ae mbiyen yo sok utang karo kancaku kok. Nek cah kuliah ki paling utang yo piro to, limangatus ewu yo wis akeh, pantes lah, mesti mbayar kos, tuku mangan, buku sih ra perlu, tapi kan durung due penghasilan. Meh njaluk wong tuo tapi pingen mandiri.
Lah, nek sing utang kui wong kerjo wangun po ora?
Tergantung alasane, nak due tanggungan nyekolahke anake, mbangun apartemen, kredit bis, atau usaha kui yo pantes-pantes wae. Saiki kepiye nek sing utang kui, wong kerjo, bayare lumayan (ndas limo), rung keluarga, ra ndue usaha. Woh parah banget kui.
Saiki aku pingin bagi-bagi pengalaman karo koe kabeh, sekalian evaluasi diri. Aku ki wis ket semester 2 wis kerjo, part time, dodolan, rewang-rewang, berburu beasiswa, opo ae lah, biar urip mandiri. Setelah lulus aku wis kerjo neng perusahaan sing gede, bayare yowis ndas limo, ra ndue tanggungan opo-opo, urip ku yo ra boros, mangan opo-opo aku kelek, numpak sepur ekonomi biasa, dadi seharuse tabunganku ki yowis lumayan jumlahe, keno nggo tuku cbr lah. Tapi aku kan saiki nembe mulai karir neng perusahaan laen, dadi bayare yo terbatas, mesti pindah kota meneh, seko ibukota neng daerah, biaya pindahan, mulai urip neng tempat anyar yo ora setitik. Tebak opo sing terjadi! Aku utang! jalan cerita lengkape ngene ki :
Ki pertama kali aku utang karo kancaku sing buntut enem (ongko yuto), bayangke cah, aku sing jih 24 tahun utange wis akeh, senajan kemarin yowis tak saur. Tapi tetep wae ono sing perlu dipertanyakan, nengdi wae bayarku mbiyen? Saiki tak ceritakne, dadi ket umurku durung 23 tahun ki (tepate setelah yudisium) kurang luwih sebulan sebelum wisuda aku ki wis ra njaluk duit karo wong tuaku, aku urip seko utang karo kerjo opo wae sing penting halal. Dadi ket rampung kuliah ki sebenere utangku yowis akeh, tapi kan wajar wong aku durung due gawean. Setelah aku entuk kerjo, umurku pas 23 tahun, bayare tak nggo nyaur utang, setelah utangku kesaur tak silehne sedulurku nggo modal urip kro usaha, jumlahe yo akeh. Kerjo enem bulan aku pingin nyobo kerjo neng tempat laen, nah pas kui aku due nazar nek aku keterimo neng perusahaan gede dewe sak indonesia utange kui bakal tak putihke, bul tenanan, aku keterimo neng perusahaan kui, dadi aku urip mulai seko nol meneh, ra due tabungan(padahal pas pindah kui aku wis gajian ping sepuluh plus THR), penghasilan minim, Alhamdulillah. Trus aku dipindah neng daerah, mesti pindahan, ngirim kendaraan seko jakarta, tuku perabotan, mangan, mbayar sewo omah, entek okeh, atm ilang, kentekan modal, akhire utang.

Opo sebape, aku ra tau nabung, padahal wis ket kuliah kerjo karo entuk beasiswa, senajan uripku ki ra boros banget, tapi terlalu cal-cul, nyumbang, dll. Dumeh rumongso ra butuh opo-opo, akhire pas butuh mesti utang. Pelajaran seko kejadian iki nggo koe podo, terutama sing wis bayaran, rung ndue tanggungan, nabung lah! Minimal 20% seko penghasilanmu ojo digunake nggo konsumsi, nyumbang, kabeh, tapi nggo simpenan karo investasi, tur yo nek zakat karo utang kui tetep sing pertama. Yakin mengko simpenan ki akeh manfaate, koyo pepatah jowo: “the reward for saving your money is being able to pay something without borrowing”. Dadi koe ra perlu utang karo uwong lio, syukur malah ngutangi. Kan tangan neng nduwur luwih apik katimbang tangan neng ngisor.
Trus makna sing keloro nak koe meh tuku barang-barang ning modalmu setitik, dipikir dhisik, koe bener-bener butuh barang kui opo mung nggo seneng-seneng ae, koyo sing disampekne kang Addison: “before borrowing money from friends, decide which you need more.” Kui koyo sing tak alami saiki, dadi aku pingen tuku inline skate, terinspirasi halaman komplek sing jembar lan alus, mesti manteb nek nggo main inline. Tapi modal ku ki terbatas, aku kudu mbayar kos, mangan, mudik, nabung, bensin, tuku hadiah, zakat. Nek ra nabung sih yo kuat-kuat wae aku tuku, tapi wis tak niati, komitmen mulai wulan ngarep aku bakal nabung minimal 20 persen. Memang aku ket kuliah wis ra tau njaluk duit wong tuo ku, tapi nek ra due tabungan atau usaha podo ae aku durung mandiri. Salah satu syarat nek koe pingin dadi jomblo high quality ki koe kudu due modal, due tabungan nggo berkeluarga.
Pisan meneh tak elingke, ojo lali nabung, ojo mengikuti jejaku mbiyen, ojo nunggu kere lagi kelingan nabung, nek ra penting rasah tuku.
Cilacap, 14 Rabiulawal 1433 H

3 comments:

  1. iyo jon aku yo saiki nyesel, mbien sih nduwe tabungan akeh tapi tak nggo tuku iki, tuku iku, ra mikir duwe deposito nah saiki kedandapan....kw sih enak jon gajimu duwur, lha akupas-pasan tapi insyaallah tetep tak niati nabung

    ReplyDelete
    Replies
    1. Iyo jon, nak aku luwih cocok menyebute sebagai dana investasi, lha nak durung due ide di tukokne emas ae (referensi baca buku: Think Dinar). Tentang investasi ku kudune dadi life style, ra majalah piro ae gajine, sing penting minimal 20 persen.

      Delete
  2. Hello,
    Iki kanggo ngumumake masyarakat umum sing Mrs.NAOMI EDUARDO, pemberi pinjaman pribadi wis mbukak kesempatan finansial kanggo wong sing mbutuhake bantuan finansial, kita nyedhiyakake kabeh jenis pinjaman kanthi cepet lan gampang, pinjaman pribadi, pinjaman hipotek, pinjaman mahasiswa, bisnis, pinjaman investasi, utang consolidation lan liyane. Apa sampeyan ditolak dening bank lan lembaga keuangan liyane? Deleng ora luwih, amarga kita ana ing kene kanggo kabeh masalah finansial, kita menehi silihan ing tingkat bunga 2% kanggo individu lan perusahaan sing jelas lan dingerteni, istilah lan kondisi. Ora mbutuhake kredit, 100% dijamin. Hubungi kita dina iki lan sampeyan bungah wis rampung supaya amarga kita kene kanggo nindakake kabeh masalah financial financial.

    Kirim email kita. (Naomieduardofirm@gmail.com)

    ReplyDelete